• Sesirah Kaca

  • Putra Eyang Hasan Nawi

    Ingkang dados saka guru / lajer Paguyuban Trah Punika
  • KERTOSARI Cemethuk
  • KARIYO KROMO Tanjungsari
  • KARSO DIKROMO Kateguhan
  • JOSEMITO Kwaron
  • KARTO IJOYO Kateguhan
  • KONTAK :

    =================== Bejo Pujosunaryo ------- Dukuh Rejosari, --- Kalurahan Lorog Kecamatan Tawangsari Kabupaten Sukoharjo Telfon : 0272- 881145 - 0815 - 677 27077 - 0815 - 487 57403 - ===================== Dwi Karyanto ------------- Kepuh, Kal . Kepuh ,-- Kecamatan Sukoharjo Telefon : 0271 - 7070290 =================

PAMBAGYO HARJO

Website counter

Assalamu alaikum….Sugeng rawuh.

Mugi sih wilasa lan berkahing Gusti tansah lumintir kagem panjenengan sami.

Bedjo Pujosunaryo - Pemrakarsa

Bedjo Pujosunaryo – Pemrakarsa

Blog punika kaunggahaken pinangka sarana anggen sami nyambung paseduluran ing antawisipun para buyut, para canggah, lan warengipun Eyang Hasan Nawi Suwargi. Awit sampun gesang wonten ing bumi Nuswantara langkung saking 100 tahun utawi setunggal abad, pramila trah Hasan Nawi sampun sumebar sak indhenging Nusantara. Awit saking punika rinaos langkung prayogi menawi dipun wontenaken Paguyuban Trah, amrih sami mengertosi lan tansah saged nyambung tali silatur rahim kados ingkang dipun ajaraken dening junjungan kita Nabi Muhammad s.a.w.

Sampun wiwit tahun 2006, niyat kala wau dipun wedharaken, dipun biwarakaken, lan dipun tindakaken kanthi kawiwitan ngawontenaken acara Halal Bil Halal. Mbok menawi minangka sedya ingkang luhur, menawi kita sesarengan sami kersa nyambung tali silatur rahim, tali pasederekan, guyub rukun, lan tansah tulung-tinulung dumateng margi kesaenan, kesabaran, lan kautaman. Kanthi blog punika kula ngajak dumateng sedaya keturunan Eyang Buyut Hasan Nawi, tuwin sedaya putra, wayah, buyut, canggah, lan warengipun Ki Kertosari (Cemethuk), Ki Kariyo Kromo (Tanjungsari), Ki Karso Dikromo (Kateguhan), Ki Josemito (Kwaron), sarta Ki Karto Ijoyo (Kateguhan) sami karsa manunggal dateng Paguyuban punika, lan sami-sami nyambung pasederekan ingkang tulus lan suci namung lantaran rasa tresna asih mring sesami lan sungkem ing Gusti.

Pramila kagem para darah lan trah Eyang Hasan Nawi, kasuwun kersa paring gagasan, pamrayogi, lan panyengkuyung tumrap blog punika. Alantaran Blog punika kaajap badhe kathah sanget pangertosan, informasi, pawarta, lan piwulang sae ingkang saged dipun sebaraken. Awit, sakalangkung sakedhik kita sami saged sesambetan sarana aben ajeng lan sami asung pakabaran sarana lisan. Pinten-pinten karepotan saha pakaryan sampun amulet diri kita piyambak-piyambak, nulis serat ugi sampun mboten wekdal ingkang mirunggan lan mboten saget warata, sarta sanjan-sinanjan sarana pepanggihan utawi telefon inggih sakalangkung sakedhik. Menapa malih tumrap para lare lan kaneman, tetapangan lan sesrawungan dumateng para kulawarga ugi sampun mboten saget katindakaken kanthi cekap. Gandheng para kaneman asring ngginakaken internet, pramila blog punika saget pinangka sarana sesambetan.

Sumangga dipun sami regengaken.

Nuwun, Wassalamu alaikum

Bedjo Pujosunaryo

Ngeningake Cipta Pungkasan 2009

Terjemahan saking artikel: Alta Gibralta | 26 Desember 2009 | 10:35 WIB

Iki sakwijining carita kasunyatan kang wis nate kelakon pirang-pirang tahun kapungkur. Ana sak wijining perawan kang nandhang wuta, mula tansah duwé rasa gehing marang awake dhéwé amarga cacat wuta kang sinandhang, ing kéné tak sebut jenengé Sri Marlupa. Malah-malah uga dai duwé rasa gething marang wong liya, kajaba marang sakwijining priya kang dadi pacarré, tak sebut waé jenengé Tulus Widodo. Tulus tansah sabar ngancani lan nglelipur marang Marlupa, méh ing saben wektu. Priya iku uga prasapa lamun bakal nikah-anggarwa Sri Marlupa sak wektu-wektu Marlupa wis mari saka panandhangé, ateges wis bisa weruh gebyaring alam donya manèh.

Sakwijining dina ana priyayi sing kersa dadi donor mata, saguh byunbangaké sepasang cornea (manik mata) marang Sri Marlupa. Sakwisé operasi transplatasi cornea sukses katindakaké dening dokter, mula Sri marlupa banjur bisa weruh manèh waras-wiris bisa nyawang isining donya kag gumelar.

Mula Tulus Widodo banjur takon marang Sri Marlupa : “ Nimas, sakiki sliramu wis bisa weruh lan nyawang gebyaraing kahanan donya. Apa sliramu saguh dadi bojoku, bebarengan karo aku mangun bebrayan lan kulawarga napaki urip ana donya ?”

Sri marlupa kaget atiné lan ngalami stress, bingung, lan judheg, amarga nyumurupi kalamun Tulus Widodo kang dadi pacarré iku sak wijining priya kang wuta kahanané. Ingkang mangka saklawasé dadi pacarré nyata-nyata kalamun banget anggoné setya tuhu marang dhèwèkké. Nanging gandhèng kahanané wuta, mula Sri Marlupa nolak, ora saguh dadi bojoné Tulus Widodo.

Mula Tulus Widodo banjur ninggalake marlupa kanthi luh kang mijil  mbrebes mili saka sepasang nétrané. Tulus Widodo nuli kirim layang marang marlupa, sanadyanta sinerat kanthi nora sempurna. Layang kang ringkas iku mangkéné surasané : “ Nimas Marlupa kang tak tresnani, tulung opènana lan jaganen kanthi becik sak pasang cornea kang tak copot saka nétraku lan tak wènèhaké kanggo sliramu.”

Para kadang lan para pamaos Kabèh, carita mau dadi pituduh lan pepéling tumrap kita, kalamun pikiranné manungsa iku gampang owah lan gingsir. Ora akèh wong kang tansah éling marang kahananing urip kang kelakon ing sak durungé, lan marang sapa kudu bisa ngaturaké panuwun, amarga priyayi-priyayi iku kang asung pitulung nalika kita ngalami kahanan papa cintraka. Umpamané roda, lagi mapan ana ing ngisor.

Mula saka iku wajib kalamun kita kudu tansah nggegulang éling lan waspada. Kalamun duwé rasa nesu lan kepingin muni-muni, élinga kalamun akèh wong kang nandhang bisu ora bisa micara.

Sakdurungé kita nyacat marang boga kang lagi dipangan, élinga kalamun akèh wong kang kaliren ora duwé pangan. Sakdurungé nggelani marang kahanan lan kelkuwané bojo kang dadi sisihan kita, élinga kalamun akèh priyayi kang nangis lan nyuwun marang Gusti Allah murih bojoné bisa mari saka lumpuh, utawa stroke kang sinandhang. Lamun kita nggetuni kahananing urip kang rinasa ora nyenengaké, élinga kalamun dina iki akèh wong kang digotong marang liang lahat.

Sakdurungé kita nggresula marang anak lan putra-putri kita, élinga isih akèh wong kang mbudidaya kepingin duwé anak, nanging durung pinaringan momongan. Lan kalamun kita nggetuni marang kahanan pagawéyan kita, éling-élinga kalamun isih akèh wong kang ngganggur, angel golèk pagawéyan kanggo sumber panguripan, uga wong cacat kang ora bisa antuk pagawéyan kang nyukupi uripé.

Sakdurungé kita nggresula aboté dadi siswa lan murid, élinga kalamun isih akèh nom-noman liya kang kepingin Sekolah nanging ora bisa kelakon awit nora kuwat mbayar. Lan nalika sesanggan urip krasa abot lan bisa ndadèkaké kesrakating urip kita, mèsemma, mèsemma waé, ngonjukaké syukur marang Gusti Allah awit kita isih diparingi wektu Urip ana ngalam donya. Nalika kita kudu ngadhepi sak kabehing masalah, masalah Keluwarga, Bebrayan, keuangan, lan liya-liyané…. Ayo padha diadhepi sarana kesabaran, ÉLING kalamun URIP ikusakwijining ANUGERAH saka Kang maha Kuwasa, wajib disyukuri, dilakoni, lan dirasakaké nikmaté… Banjur direroncé amrih urip kita bisa dadi manfaat tumrap ummat sak donya.

Dinikmati urip kita saben detik kang lumaku, awit iku ora bakal bisa dibalèni manèh. Urip mlaku tanpa swara ora bakal bisa dibalèni lan ditututi, amung bisa dilakoni kaya manut ilining banyu kali….. Urip iku tansah éndah, mula tindakan apa kang paling becik tumrap kita lan wong liya…. Aja nganti ngresula lan nutung saka rahmaté Allah Pangéran kita…..

Nuwun..

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.