• Sesirah Kaca

  • Putra Eyang Hasan Nawi

    Ingkang dados saka guru / lajer Paguyuban Trah Punika
  • KERTOSARI Cemethuk
  • KARIYO KROMO Tanjungsari
  • KARSO DIKROMO Kateguhan
  • JOSEMITO Kwaron
  • KARTO IJOYO Kateguhan
  • KONTAK :

    =================== Bejo Pujosunaryo ------- Dukuh Rejosari, --- Kalurahan Lorog Kecamatan Tawangsari Kabupaten Sukoharjo Telfon : 0272- 881145 - 0815 - 677 27077 - 0815 - 487 57403 - ===================== Dwi Karyanto ------------- Kepuh, Kal . Kepuh ,-- Kecamatan Sukoharjo Telefon : 0271 - 7070290 =================

Piwulang Kautaman

KEKADANGAN

Paseduluran mono sejatine minangka kodrat utawa naluri tumarap para manungsa awit manungsa dicipta dadi titah kang paling becik lan mulya, awit diparingi raga kanthi pancaindriya kang pepak, sarta jiwa lan ruh sing uga dipepaki kanthi cipta, rasa, lan karsa. Kaya kang wus kamot ing Kitab Suci Q95:4-5, kang kanthi terang tanpa tidha :

“Sayaktine manungsa cinipta dadi titah kang paling becik, banjur winalik dari titah kang banget asor. Kajaba wong-wong kang padha suka precaya maring Allah sinartan padha tumindak kabecikan.”

B Pujosunaryo

B Pujosunaryo

Cipta, rasa, lan karsa iku mau sing ngrenggani jiwaning manungsa sahengga beda kalawan sato kewan, nadyan para manungsa uga mangan, ngombe, turu, lan jejodhowan. Sak liyane Adam lan Hawa, tetela nora ana manungsa kang lahir ing donya kanthi dumadakan dewasa. Apa jarwa dhosoke dewasa, yen ora kliru tegese gede, tuwa, lan rosa. Gede ukuran wadage, tuwa tegese cukup umur jiwa lan ragane, rosa tegese wis bisa mandireng diri utawa mandiri. Ora ana lahir terus dewasa, nanging wujud bayi kang paribasan durung bisa apa-apa awit bisane terus urip. tuwuh, lan ngrembaka dadi dewasa amarga panggula wenthahing wong atuwane, iya rama, ibu, lan sedulur liyane. Kahanan iku mujudake menawa manungsa perlu sedulur supaya lestari uripe.

Kitab suci uga sung piwulang, menawa sajatine manungsa sak donya kang cacahe luwih saka 6 milyar iku dumadi saka sepasang manungsa, kang dadi cikal bakale. Ya iku Bapa Adam lan Ibu Siti Hawa. Q4:1

Hei para manungsa, sing padha bisa taqwa mring Pangeranira kang wus nyipta sira kabeh saka badan wadag siji (Adam), kang banjur dicipta sisihane (Siti Hawa), terus saka sakarone ngrembaka manungsa lanang lan wadon sing banget akeh cacahe. Mula sing bisa padha tansah taqwa marang Pangeran kang kanthi asma-Ne sira pada njaluk tulung siji lan sijine, mula pada tansah gelema nyambung tali kekadangan (silatur rahim)

Ayat iku mratelakake menawa sejatine kabeh manungsa iku tunggal darah, lan kinodrat dadi sedulur utawa kadang siji lan sijine menungsa. Gelem ngakoni utawa mungkiri marang kasunyatan iku, manungsa tetlea minangka kadang, tunggal cikal bakal. Dadi ora salah menawa saben ana sing mangun bebrayan luhur kanthi jejodhowan utawa nikah suci pada kasebut ngumpulake balung apisah, kang ateges ngumpulake balunge Bapa Adam lan Siti Hawa kang wus pisah dadi pirang-pirang badan lan raga dadi sakwijining bale wisma kang bakal nurunake wiji maneh.

Gusti Allah paring piwulang kanti terang terwaca tanpa tidha :

Padha manembaha marang Allah lan aja pada nandhingkae Pangeran, Bektia para rama-ibu, kadang lan sedulur, bocah yatim, wong kesrakat, tangga cedhak lan adoh, mitra lan rowangira, titah kang lumaku lan lelana, sarta para abdimu. Sayektine Allah ora rena marang wong kang gumedhe lan nggunggung dhiri. QS4:36.

Kanthi ayat iku bisa jelas lan ora prelu mamang maneh, menawa sakjroning urip ana ngalam donya, kudu pada gelem mangun bebrayan luhur, tansah guyub rukun, nyambung tali kekadangan lan paseduluran, memitran kang becik kanthi tulus lan rila linandhesan sedya suci muhung kanggo ngabekti mring Pangeran. Iku mau muga-muga bisa kaleksanan kanthi nyawiji marang Paguyuban Keluwarga lan paguyuban liyane kang ancas lan tujuwane kanggo nambah tumindak kautaman.

Nuwun. Wassalmu alaikum.

RENUNGAN – PUNGKASAN TAHUN 2009

Terjemah saking seratanipun Alta Gibralta | 26 Desember 2009 | 10:35 WIB

Iki sakwijining carita kasunyatan kang wis nate kelakon pirang-pirang tahun kapungkur. Ana sak wijining perawan kang nandhang wuta, mula tansah duwé rasa gehing marang awake dhéwé amarga cacat wuta kang sinandhang, ing kéné tak sebut jenengé Sri Marlupa. Malah-malah uga dai duwé rasa gething marang wong liya, kajaba marang sakwijining priya kang dadi pacarré, tak sebut waé jenengé Tulus Widodo. Tulus tansah sabar ngancani lan nglelipur marang Marlupa, méh ing saben wektu. Priya iku uga prasapa lamun bakal nikah-anggarwa Sri Marlupa sak wektu-wektu Marlupa wis mari saka panandhangé, ateges wis bisa weruh gebyaring alam donya manèh.

Sakwijining dina ana priyayi sing kersa dadi donor mata, saguh byunbangaké sepasang cornea (manik mata) marang Sri Marlupa. Sakwisé operasi transplatasi cornea sukses katindakaké dening dokter, mula Sri marlupa banjur bisa weruh manèh waras-wiris bisa nyawang isining donya kag gumelar.

Mula Tulus Widodo banjur takon marang Sri Marlupa : “ Nimas, sakiki sliramu wis bisa weruh lan nyawang gebyaraing kahanan donya. Apa sliramu saguh dadi bojoku, bebarengan karo aku mangun bebrayan lan kulawarga napaki urip ana donya ?”

Sri marlupa kaget atiné lan ngalami stress, bingung, lan judheg, amarga nyumurupi kalamun Tulus Widodo kang dadi pacarré iku sak wijining priya kang wuta kahanané. Ingkang mangka saklawasé dadi pacarré nyata-nyata kalamun banget anggoné setya tuhu marang dhèwèkké. Nanging gandhèng kahanané wuta, mula Sri Marlupa nolak, ora saguh dadi bojoné Tulus Widodo.

Mula Tulus Widodo banjur ninggalake marlupa kanthi luh kang mijil  mbrebes mili saka sepasang nétrané. Tulus Widodo nuli kirim layang marang marlupa, sanadyanta sinerat kanthi nora sempurna. Layang kang ringkas iku mangkéné surasané : “ Nimas Marlupa kang tak tresnani, tulung opènana lan jaganen kanthi becik sak pasang cornea kang tak copot saka nétraku lan tak wènèhaké kanggo sliramu.”

Para kadang lan para pamaos Kabèh, carita mau dadi pituduh lan pepéling tumrap kita, kalamun pikiranné manungsa iku gampang owah lan gingsir. Ora akèh wong kang tansah éling marang kahananing urip kang kelakon ing sak durungé, lan marang sapa kudu bisa ngaturaké panuwun, amarga priyayi-priyayi iku kang asung pitulung nalika kita ngalami kahanan papa cintraka. Umpamané roda, lagi mapan ana ing ngisor.

Mula saka iku wajib kalamun kita kudu tansah nggegulang éling lan waspada. Kalamun duwé rasa nesu lan kepingin muni-muni, élinga kalamun akèh wong kang nandhang bisu ora bisa micara.

Sakdurungé kita nyacat marang boga kang lagi dipangan, élinga kalamun akèh wong kang kaliren ora duwé pangan. Sakdurungé nggelani marang kahanan lan kelkuwané bojo kang dadi sisihan kita, élinga kalamun akèh priyayi kang nangis lan nyuwun marang Gusti Allah murih bojoné bisa mari saka lumpuh, utawa stroke kang sinandhang. Lamun kita nggetuni kahananing urip kang rinasa ora nyenengaké, élinga kalamun dina iki akèh wong kang digotong marang liang lahat.

Sakdurungé kita nggresula marang anak lan putra-putri kita, élinga isih akèh wong kang mbudidaya kepingin duwé anak, nanging durung pinaringan momongan. Lan kalamun kita nggetuni marang kahanan pagawéyan kita, éling-élinga kalamun isih akèh wong kang ngganggur, angel golèk pagawéyan kanggo sumber panguripan, uga wong cacat kang ora bisa antuk pagawéyan kang nyukupi uripé.

Sakdurungé kita nggresula aboté dadi siswa lan murid, élinga kalamun isih akèh nom-noman liya kang kepingin Sekolah nanging ora bisa kelakon awit nora kuwat mbayar. Lan nalika sesanggan urip krasa abot lan bisa ndadèkaké kesrakating urip kita, mèsemma, mèsemma waé, ngonjukaké syukur marang Gusti Allah awit kita isih diparingi wektu Urip ana ngalam donya. Nalika kita kudu ngadhepi sak kabehing masalah, masalah Keluwarga, Bebrayan, keuangan, lan liya-liyané…. Ayo padha diadhepi sarana kesabaran, ÉLING kalamun URIP iku sakwijining ANUGERAH saka Kang maha Kuwasa, wajib disyukuri, dilakoni, lan dirasakaké nikmaté… Banjur direroncé amrih urip kita bisa dadi manfaat tumrap ummat sak donya.

Dinikmati urip kita saben detik kang lumaku, awit iku ora bakal bisa dibalèni manèh. Urip mlaku tanpa swara ora bakal bisa dibalèni lan ditututi, amung bisa dilakoni kaya manut ilining banyu kali….. Urip iku tansah éndah, mula tindakan apa kang paling becik tumrap kita lan wong liya…. Aja nganti ngresula lan nutung saka rahmaté Allah Pangéran kita…..

Nuwun


BOJO PAPAT

Anggitane : Sri Adi Harjono

Pak Hurip ngono priyayi kang katrima uripe. Kondhang kaonang-onang, ngambar arum jenenge. Sugih bandha-bandhu gèk uga sawijining pejabat. Duwé perusahaan akèh tur isih nglungguhi jabatan sing teles. Lho kok?! Bisa-bisa waé, ora usah gumun! Perusahaan-perusahaané kang ngemonah anak bojo lan kulawargané. Dadi yèn ana proyek apa ta apa, tenheré bisa digiring mrono. Kabèh bisa diatur. Kang ngatur dhuwit. Mbangun dinasti kanggo korupsi. Utawa kosok baliné. Korupsi kanggo mbangun dinasti. Jaré mbrastha KKN?! Hiya! Jaman wiwitan reformasi biyèn, mbrastha KKN dadi “jargon”. Nanging saiki, KKN dadi “jaran”. Kanggo tumpakan murih tekan tujuwan. Mbaudhendha nyakrawati lestari.

Nasib mujur ngawa Pak Hurip kaya mapan nèng sandhuwuring angin. Mula bebasan apa kang sinedya ana lan apa sing cinipta dadi. Bojoné waé papat. Digawèkaké omah gedhong magrong-magrong, dipepaki prabot balé omah méwah, petamanan éndah lan bèji kanggo nglangi. Mesthi waé dibangun kanthi gaya arsitektur miturut “nges”-ing rasané bojo-bojo mau sowang-sowang.

Saking anggoné turah-turah bandhané, Pak Hurip menawa waé lali yèn mangan sakmangan kuwi nggawa akibat marang kuwarasaning awak. Olèhé mikir urip kanggo mangan. Ora mangan kanggo urip. Ora mikir yèn panganan sing énak-énak, nyamleng nggajih, legi gurih iku marahi kolestrol dhuwur, tensi dhuwur, gula dhuwur, asam urat dhuwur lan sapanunggalané. Pokoké dadi penyakit! Mula bener ujaring akèh jaré sambat sebuté wong sugih mono béda karo sambat sebuté wong mlarat. Sambaté wong mlarat: “Sésuk apa mangan?!” Jalaran bener-bener wis ora duwé candhèn pangan. Éwadéné sebuté wong sugih: “Sésuk mangan apa?” Awit butuh sea food, kambing guling, empal sapi, apa opor ayam mung kari aba.

Kaya ngapa ajur mumuring atine Pak Hurip bareng makaping-kaping katulak karepe

Saiki Pak Hurip lara medhang-medhang neng ndhuwur ranjang. Awake wis ora kuwat ngglawat. Nanging yèn ngomong isih kaya wong waras. Dokter pribadi lan perawaté ora bisa tumindak apa-apa bareng Pak Hurip mbregundung meksa supaya dom infus lan selang oksigene dicabut waé. Alesané, dhèwèké wis siyap nampa tekané Malaikat Penjabel Nyawa! Siyap mati!!!

Pak Hurip banjur ngundang bojo nomer papat. Lintang. Kang kawentar minangka wanita legendharis. Sulistyaning wernané, dedeg piadeg pawakané, solah bawa muna-muniné lan samubarangé sarwa-sarwi nengsemaké. Wanita idham-idhamané kabèh priya. Ora ana siji waé priya kang ora kepéngin nduwèni Lintang.

Kanthi laku ngembat madya, le­mesing lambungé Lintang kaya kembang traté lumenggang nèng lumahé banyu kasilir ing manda maruta. Sawisé nyungkemi tanga­né Pak Hurip, Lintang terus nge­mèk-emèk bauné sing kakung kan­thi memalat sih.

“Pepujanku, lintang wong ayu…., sedhéla manèh aku bakal mati. Méndah iba sepiné, sakwisé mati mengko yèn tanpa sliramu. Aku kepingin, sliramu tansah sumandhing nèng cedhakku. Mula lintang wong ayu, gelemma ya, sliramu mèlu mbarengi aku sowan ing ngarsané Kang Murbèng Gesang ?!” Pak Hurip ngrerepa mawa wirama lan wiraga kang ngeres-eresi ati.

“Nyadhong duka inggih, Bapak. Wonten ing prajajnjèn pra-nikah rumiyin rak sampun kapratélakaken. Sami sakala kula dados tiyang bébas menawi sawanci-wanci panjenengan séda. Panjenengan mboten saget ngajak kula. Saget kula namung ndhèrèkaken layon panjenengan dumugi makam, caos kurmat pungkasan, nyawur sekar sarta maos donga. Rampung menika kula mardika milih priya kang pantes kula dhèrèki!” pratélan Lintang nandhes, nuli lunga klépat ninggalaké Pak Hurip.

Panulaké lintang kaya tibané lumpang watu kang ngentebi dhadhané pak Hurip. Seseg. Angèl ambegan. Karo menggèh-menggèh Pak Hurip mbayangaké anggoné gumati lan pangertèn marang bojo enomé kuwi. Awit bojo kang nomer papat kuwi wis njunjung martabaté sakjroning dhèwèké wis ngunduri tuwa. Dadi wong kinurmat. Lintang tansah kapiji ngamping-ampingi pak Hurip kala mangsané nekani adicara-adicara kang mirunggan. Ing acara-acara penting. Nanging entèk-entèkané Pak Hurip kaya diculeg mripaté bareng nemoni kanyatan yèn Lintang ora tulus nresnani dhèwèké, kaya tulusing tresnané pak Hurip marang wanita bojo nomer papat mau.

Pak Hurip mupus. Dhèwèké isih duwé bojo telu. Mula sakcepeté bojo nomer telu diundang. Jenengé Rukmi. Bojo sing ngajak sugih. Kang prasasat wis awèh kabagyan jroning uripé. Rukmi uga wanita kang banget dimélikaké déning kabèh priya. Jalaran Rukmi bisa mènèhi rasa ayem lan ayom, utawa aman marang sapa waé.

“Jeng Rukmi dununging karesnanku…”, panyapané Pak Hurip karo ngranggèh tangané Rukmi terus digegem-gegem nganggo tangan kiwa lan tengen. Panyawangé luyu. Nrenyuhaké. “Nèk aku mati, nèng kanané mengko mesthi aku kasepèn. Mula dimèn ora kasepèn lan aku bisa tentrem, gelem ya, sliramu ngancani aku ngadhep ing pangayunané Hyang Suksma Kawekas ?!”.

Sak pandurat Rukmi katon legeg. Éwuh aya anggoné arep awèh wangsulan. Anèh! Pak Hurip ngajak mati bareng. Mangka tresnané marang Pak Hurip mung winates. Sakdawané umuré wong kang saksuwéné iki dingèngèri. Kuwi wis dadi papesthèn ora bisa dianyang manèh.

“Adhuh Bapak…., nyuwun gunging pangaksami. Kula mesthi mboten saget nglampahi menapa ingkang dados kersa panjenengan. Sampun sumelang inggih, kula badhé nyepakaken trebela lan kijing emas, sarta mbangunn pasaréyan panjenengan mawi séla cendhani pinilih, kanthi wangun ingkang éndah lan gagah. Sak lajengipun, kula badhé ndhèrèk keng putra kémawon”, wangsulané Rukmi wijang lan gamblang terus pamit lunga.

Kang tininggal mripaté kaca-kaca, atiné keranta-ranta. Ora ngira babar pisan yèn Rukmi mung tekan semono setya bektiné. Pak Hurip gelané kepati.Géné wanita kang wis gawé dhèwèké kajèn kèringan kuwi nulak kekarepané. Nanging ora ana gunané dhèwèké larut kérut ing kasedhihan kang nunjem nyengkerem. Sak lebaré kuwi, bareng wis tumata atiné, bojo nomer loro énggal diakon mara. Marga wis suwé Pak Hurip beberangan urip karo Asih, bojo nomer loro kuwi. Bojo sing setya ngamping-ampingi dhèwèké, sregep mbiyantu ngudhari reruweting urip, tansahawèh semangat, uga iguh pratikel lan liya-liyané.

“Bu…, sedhéla engkas aku bakal mati”, kandhané Pak Hurip karo mandeng Asih kanthi sorot mripat bruwet. “Yèn wis mati, aku mesthi kasepèn tanpa sampéyan. Apa sampéyan gelem mèlu aku ?”

“Pangapunten Bapak, kula mboten saget nyarengi tindak panje­nengan. Saget kula namung ngadani upacara pemakaman ing­kang semuwa, ndhèrèkaken panjenengan dumugi pasaréyan, nyawur sekar lan maos donga. Rampung menika, ing dinten-dinten tinamtu, panjenengan taksih badhé kula slameti, kula kintuni donga, Asih awèh wangsulan kanthi kebak panalangsa.

Méndah kaya ngapa ajur mumuring atiné Pak Hurip , bareng wis makaping-kaping katulak karepé déning bojo-bojoné. Rasané angles. Otot bayuné pepes. Ing dalem kahanan ngono mau, pangarep-arepé mung marang bojo tuwa. Bojo nomer siji. Atut jenengé. Selak diburu ajal, Pak Hurip tumuli ngundang Atut kelawan gita-gita wigati.

“Dhuh sisihan kinasihku… sepurané déné wis sawetara suwé sampéyan sasat tak singkur”, Pak Hurip mbukani omongé ngasih-asih. Ngaku luput. “Sumurupa ya, sisihan kinasihku …, sedhéla manèh aku mesthi mati. Dimèn ora kasepèn ing kanané mengko, apa gelem sampéyan ngancani aku ?”

Bojo tuwa bojo nomer siji kang umur-umurané sak pantaran lan Pak Hurip kuwi pancèn kaya wus dilalèkaké. Kamangka bojo tuwa kuwi meneng-menen tansah migatèkaké Pak Hurip lan mesthi atut salaku jantraning uripé. Jroning kahanan kepriyé waé, ing endi waé lan kapan waé. Pak Hurip prasasat wis nyingkur Atut, sakwisé éntuk Rukmi. Saya-saya bareng duwé bojo Lintang. Nanging Atut tetep waé anggoné setya lan ora bakal suda pamoring tresnané marang Pak Hurip. Wekasané kanthi sikap anteng lan praupan jinem Atus terus mrasajake blak-ing atiné.

“Aja was sumelang, Bapak. Wis sakmesthiné aku bakal ndhèrèk panjenengan !” Pratélané Atut nandhes, mantep. “Aku bakal tansah ndhèrèkaké panjenengan, saka alam donya tumeka delahan ! Saka alam panguripan iki tumeka ing alam panguripan mengko lan sakterusé!”

Saking banget kagètté krungu atur pratélané bojo nomer siji kuwi, sanalika mripaté Pak Hurip mlorok, tutupé mangap, ambegané megap-megap. Lan ora gantalan wektu, brrrttt!!! Keteg jantungé mandheg. Rawat-rawat kidung sedhih nganyut-anyut. Megatruh, jasadé Pak Hurip megat-“ruh”-é . Pak Hurip tinggal donya bebarengan nunggal wektu lan Atut, bojo nomer siji.

Crita minangka gegambaran, bojo nomer siji amal tumindak, bojo nomer loro kulawarga, bojo nomer telu bandha donya, lan bojo nomer papat dradjat pangkat. Saben manungsa mesthi duwé bojo papat. Sak ukur karo garising papesthèn dhéwé-dhéwé. Kabèh uwong bébas nguyak dradjat pangkat, mardika golèk bandha donya, lan diajang amba kanggo nresnani anak bojo lan kulawarga. Nanging kabèh kuwi ora ana kang kena ginawa mati. Éwadéné kang kena ginawa mati iku amal lan tumindaké.

Pepuntoné : Dituwajuh ing panembah. Kanthi laku : Aja tumindak ala. Tumindaka kang becik. Sucèkna ati sarta pikiran ! Wayah Maghrib lampuné mati, mula wong urip sing ngati-ati, (mung bojo nomer siji sing setya bekti).

Nuwun. Copas :

Majalah Panjebar Semangat Nomer 13-2014, kaca 23-24

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: